Postingan

PRIYÅNGGÅ KADYÅ PUSPÅ MÊKRÕK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1ZQqyWGBk5/ Priyånggå kadyå puspå mêkrõk endah datan jêjuluk, tinêmpuh samubarang  datan payung pangeyub sawanci prahårå anrajang. Kadyå Sang Nåtå kablébêt jubah bludru ora saendah agêmannyå puspå rinênggå grapyak twin sabar kadyå puspå kang mêrak-ati. Nadyan kasampyuk lan katrajang båjrå datan gorèh, datan mingsêr sathithikå gagah ngadêg katon pidêkså èsêmirå. Sabar... sabar...,  angadhêpi pasêmõn lamis kang sinêbar dening duratmåkå pracåyå! kabênêran bakal tumêkå angampiri badanirå! tumancêp gunungan mungkasi sababak sandhiwårå. JM, lingsir wêngi, 081125             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

KADURAKAN LUWIH GAMPANG lan AKEH KATEMOKAKE

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17YyS4FKkT/   "Kita urip ing jaman dene kadurakan iku luwih gampang katemokake tinimbang têlepun gêgêm lan sambungan internet!"   Pasemon iku nelakake dene iba gampange tumindak ora pinuji, pendhak dina sangsaya akeh lan dumunung ing panggonanan ngendi bae. Ing tengahe masarakat ana bae wong kang gawe ulah werna-werna kayata nyenyolong, korupsi, nyopet, mbegal, apus-apus, mblithuki, kerengan kroyokan (tawuran), panyiksan... lsp. malah ana sing kami-tegan nganti tumekaning pati sasama warga masarakat.   Kadadean-kadadean kadya mangkono iku kenapa bisa dumadi? ora liya merga masarakat sing wus kelangan akal bebudene utawa budi pakertine, urip adoh saka mbangun turut marang dhawuhe Allah, ora wedi asih marang Panjenengane tuwin uripe tansah mblasar saka pepakone Gusti.   Sing rumangsa pinter dadi kuminter nganggep wong liya iku ora ana ajine. Mulane yen akeh reribed, bebaya (bencana) ing ngendi-endi, i...

KAPANDHEGAN PASARUJUKAN

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15KfeacwUr/ Kabutuhan saben priyangga lan utawa golongan iku beda-beda. Kanggo pikoleh katetepan kang adil, kapandhegan adhedhasar  pasarujukan mujudake panetepan kang banget dibutuhake.  Pancen kabutuhan saben pribadi ora mayar utawa mokal bisa diwujudi kanthi sampurna, nanging paling ora klawan kapandhegan ing pasarujukan mau bisa nyuda pepinginan kang amung nengenake kabutuhan mentingake awake dhewe kang bisa ngapitunani wong liya. Iya klawan kapandhegan ing pasarujukan kang disedya bisa agawe padhadene mareme bebarengan saeka praya saeka prapti mbangun rumaketing gotong royong, samya among rasa among driya. Kahanan kadya mangkono iku mujudake cikal bakal dhemokrasi kang urip ing tengahing masarakat kita. Para punggawaning praja kang kapatah makili masarakat golongane samya nyengkuyung lan nyarujuki rancangan pagawean (program kerja) kang wus katetepake dening punggawa/pandhega tataran pangwasa ndhuwur kang wus k...

SOLAHE WÕNG NGIWÅ tinandhing WÕNG MURSID -wulang bêbasan-

    kapacak ugå ing  https://www.facebook.com/share/p/1AmyTvqG3N/   Wõng sing lakuné ngiwa (ålå) kuwi mrånå-mrene nyêbar têmbung gõrõh, ngålå-ålå lan mêmõyõk. Nanging wõng mursid kêbak katêntrêman lan jêmbar pangapurane.   Mripaté kêdhap-kêdhèp lan awèh sasmitå kanggo njõrõgaké liyan, karo ngrantam kaculikan sing arêp ditindakake. Karêpe gawe rêrusuh saênggõn-ênggõn.   Mêrgå panggawene mau, wõng kuwi bakal kêtêkan bilai, dadi lan rêmuké datan kênå dipulihake manèh.   Wõng duråkå kataman åpå kang kasumêlangake, nanging wõng mursid bakal pinaringan åpå kang sinêdyå.   Lamun katêmpuh lesus, wõng duråkå sirnå, nanging wõng bênêr tansah ing pangauban langgêng.   Lathine wõng mursid sumurup samubarang kang ngrêsêpake, nanging cangkême wõng duråkå mung nglairake kaculikan. JM, pucuking õktõbêr, rõngèwusêlawe             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

BANYÕLAN BAKUL BAKSO LAN TUKANG BECAK

Gambar
    kaêmõt uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1QUcs98yMP/ ( Nuwun sèwu, basane pêdinan koplak .) 👏👏 📍nDhok warung bakso Pak Karto, esuk-esuk. 📢 Tokoh: Paidi – tukang becak sing nyandhu nõntõn pideo HP. Karto – tukang bakso sing crèwèt tapi nyênêngake. --- Paidi : (sambi nyruput kopi) “To… To… aku ki mèh ngguyu sak jagad, nõntõn pideo iklan obat sing anyar kae!.” Karto : “Halah, iklan manèh.. åpå manèh saiki? Obat kuwat? Obat langsing/gêmuk? Obat entuk jodho?” Paidi : “Lho ora ngono To, iki obat sêndhi (rõs-rõsan driji, ugêl-ugêl)! Nanging sing lucu, sing ngõmõng kae kåyå pêjabat! nganggo jas, nganggo dhasi, ngucapé: ‘Iki wis kabuktèn sacårå ilmiah...’” ✍️ Karto : “Hahaha! Serius tah? Pêjabat kok nyambi dodol obat sêndhi.? Kuwi pejabat apa sales, Di?... kuwi nglanggar aturan ' rangkêp jabatan '!” 🤭 Paidi: “Ngene lho, To. Aku rak ya wis nõntõn pirang-pirang pèrsi, nanging ujung-ujunge mêsthi pådhå: ‘Rêgå mêtu ångkå 390 èwu!’ Nah! Iki sing dadi aku gumun mun!...

MUNGSUH OWAH DADI MITRA

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BtZ44A7NJ/ Ing sajroning babagan pulitik ana sesebutan, " Mungsuh iku ora ana, kanca/rewang ora ana, sing ana yaiku padhadene duwe KAPENTINGAN. "  Kapentingan ing kene ditegesi padha-padha kapreluane, kabutuhane, kanggo nggayuh apa kang sinedya. Anane kapentingan sing padha, mula sing maune mungsuh bisa dadi mitra kenthel / raket. Mungsuh owah dadi mitra raket iku sah-sah lan becik-becik bae, anggere memitran iku ana pangapurane lan kerukunan, ora amung mligi kapentingan bae.   Iya kaya mangkono iku bab kekancan/memitran ing babagan pulitik sipate semu, ora langgeng mung sawetara mangsa bae. Iku kasunyatan kang ora bisa diselaki/diendhani. Mula ana sesebutan uga, ' Pulitik iku kejem !' Kang mrihatinake, kapentingan pulitik iku bisa njalari padhadene nyemoni siji lan sijine malah luwih ndrawasi tega-tegane pitenah, maeka, memoyok, nenacad, ngundhat-undhat, ngala-ala mungsuh kapentingane utawa marga serik nate...

WUCALAN BUDI PAKERTI

Gambar
    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1YqnSuwXqP/ Pergi Belajar  🎶🎵 "Oh, ibu dan ayah selamat pagi Ku pergi belajar sampai 'kan nanti" "Selamat belajar nak penuh semangat Rajinlah selalu tentu kau dapat Hormati gurumu, sayangi teman Itulah tandanya kau murid budiman" Nuwun para kadang sutresna, punapa wonten ingkang taksih kemutan lelagon lare-lare kados ing nginggil? (menawi boten klentu anggitan ibu Sud) Mbokbilih ingkang miyos ing warsa pitung ndasa sapengandhap taksih saged ngrepekaken larikan lagu kasebat. Ing larikan kaping kalih saking ngandhap kaserat " Hormati gurumu, sayangi teman " nelakaken bilih murid punika, kasebat budiman (lare luhur bebudenipun) salah satunggalipun urmat (ngaosi, ngajèni) dhateng guru lan nresnani kanca-kancanipun. Sejatosipun punika ngandhut wucalan 'budi pakerti' dhateng lare-lare alit kang lebet sanget maknanipun.✍️ Emanipun, wucalan budi pakerti sampun dipun icali saking 'kurikulum...

ADU ING RAT-MAYA

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1F17NDspHk/ Tembung ' Adu' racake kanggo nggambarake dhebat, bisa dhebat maton bisa uga dhebat kusir arebut bener (dhebat otot ). Nanging tembung adu uga asring kanggo nyritakake anane tandhing upamane, adu jotos, adu jago, adu katrampilan, adu kapinteran lsp. Ing tulisan iki ora arep ngrembug bab adu mau kanthi njlimet, nanging arep nyoba ngonceki nyebar padatan (phenomena) adu-aduan utawa dhebat-dhebatan sing sumaji liwat warta ing rat-maya (medsos). Tamtune sing padha nyebar 'adu' nduweni alesan dhewe-dhewe, iki sing agawe bingunge para pamaos unggahan-unggahan sing durung mesthi benere. Mula para pamaos, pamiyarsa sing ngati-ati, waspada lan wacaksana aja anggere narik panemu dhewe-dhewe. Adu ing rat-maya pancen mayar sumebar segampange ngobahake driji. Sing nyumelangi yen ing adu otot mau ngandhut pitenah, memoyok lan ngala-ala. Iki sing kudu di singkuri, emut paugeran sing mengkoni tumindak iku wus ana ukume ya...

MUKIDI GAWE ULAH ING 'GERBONG TIDUR' KRETA MALAM

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/19psyDsa2N/ Bengi iku Mukidi entuk karcis sepur ing 'gerbong tidur'. Nalika mlebu dheweke kaget weruh peturone asri kaya hotel mini. " Wah, iki ranjang apa jlomprongan? kok ana bantal empuk barang. Aja-aja yen aku turu sepure mlaku dhewe jroning ngimpi ketemu pramugari ."😴 Penumpang liyane mung nglirik, padha mbatin bakal ana ribut-ribut sawengi muput kih. 🫠 Bareng lampu wiwit dibleretke, Mukidi ora bisa meneng wae. Dheweke wiwit ngobrol karo penumpang ing ranjang dhuwure. " Mbak, ati-ati mbak. Yen sepure dadakan ngerim, aja nganti ceblok ing pangkonku ya. Aku durung siap duwe kluwarga anyar!. " 😜 Penumpang ing ranjang ndhuwur wegah mangsuli, mung bisa nggeret krukupan kemul ethok-ethok turu. Sawuse iku, Mukidi wonge ora bisa meneng, wiwit mbukak koper ngetokake speker mini njur nyetel musik ndhadhut lirih : " Kreta malam bawa aku padamu.. .🎶🎵 Kabeh wong sagerbong protes  " Ssssttttttt!!!.....

MÊSTHI ÅNÅ ASILE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1EUzw5EhzF/ Kitå sawurake wiji kabênêran wayah esuk, awan lan sore-sorean, kitå tunggu wêktu ngênèni mêsthi ånå asile, sênêng ing ati. Ayo klumpuke, klumpuke bareng, mêsthi ånå asile, twin ati sênêng. Mêthik asil panèn bingar sumringah sakukuban sukå rêna twin bungah. Sinêbarå jroning trang lan pêpêtêng,  nadyan katrajang angin kêncêng. Pangupåyå gawean bakal diganêpi, mêsthi ånå asile, sênêng ing ati. Samångså kasêdhihan, panggah kitå sawurake, nadyan sangsårå, panggah tumandang gawe. Samångså tangis lêrêm, Gusti anglipur, mêsthi ånå asile, tansahå muji sokur. JM, anganggit råså, 201025             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

UPADOS NGREKSA DHIRI

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/14MzTz9FQnA/ Nalika kita nggadhahi bandha kang aos/aji, kita ngupados mawi pangamanan mrih boten gampil risak utawi ical. Upaminipun, griya punpageri lan pungembok, tilpun pinter enggal dipun pasangi lapisan ngangkah boten gampil kebaret, montor dipun tanggelaken mlebet asuransi.. lsp. Lha inggih, bandha darbek kita kemawon kita jagi kanthi temen permati, lajeng kados pundi tumraping gesang kita piyambak? Punapa inggih kita sampun nyawisaken piyambak kagem rawuhipun Gusti kapan kita tinimbalan? Tamtu penyiapan kita boten namung samadya, sawontenipun kadya kita njagi bandha kang gadhah pengaos. Langkungdene saking punika, kita prayogi tansah sumungku nyelak Gusti nyuwun panuntun Panjenenganipun, nebihi saking kekareman gesang kadonyan. Punprayogakaken, nggadhahi tekad lan sedya bilih pendhak wekdal sawanci-wanci mujudaken wewengan kagem ngremenaken penggalihipun Gusti anut wewaton Panjenenganipun. Mekaten ugi kaemutaken...

SAMUBARANG KELAKONE WUS KATETEPAKE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17RDhhmzCN/   Samubarang kabeh sing kelakon ing donya iki kelakone ing wektu sing katetepake dening Allah.   Panjenengane netepake mangsane golek lan mangsane kelangan; mangsane nyelengi lan mangsane mbuwang.   Yen kita nyemak gonjang-ganjinge kahanan uripe manungsa kang tansah gumregut anggone nyambut kardi, iku mujudake salah sijine udhu, gacuk lan sangu kanggo nerusake darmaning agesang.   Nalika uwong anggone ngupaya rejeki pikoleh apa kang dadi kabutuhan dhiri lan kulawarga lan wus kaklumpuk kanggo mangsa urip ing tembene, prayogane prelu padhadene ngrumangsani kabeh iku marga saka keparenge lan berkah nugrahaning Gusti. Aja padha supe atur puji sokur ing sakabehe iku.   Prelu samya ngelingi dene kelakone ana watese wus katetepake, ana wancine kapan keklumpuk nyelengi rejeki lan kapan migunakake. Iya ana wancine mblanjakake lan nanjakake kanggo dedhana sedhekah tumraping sapepadha. Puji ra...